Sabtu, 31 Januari 2015

Lirik Langgam Ali-Ali

Lgm. Ali Ali
Ciptaan : Gesang
Vokal : Sunyahni
Produksi : Dasa Studio

Ngagema ali aliku, pamrihe
Aja lali marang aku
Nadyan kula mboten melu, mbesuke
Ngelingana lelabetku

Lamun embane saloka emane
Amung tansah ndamel cuwa
Niki embane kencono pamrihe
Tansah manggiya raharja

Yen nganti ilang mripate
Jarene, nemai rubeda
Yen nganti dinggo wong seje, mbesuke
Wis mangsa bodowa

Pilihanku mripat biru pamrihe
Mrih sulistya engkang warni
Yen takon isi atiku mbesuke
Mirsanana ali-ali…

Reff :
Yen nganti ilang mripate
Jarene nemai rubeda
Yen nganti dinggo wong seje, mbesu’e
Wis mangsa bodowa

Pilihanku mripat biru pamrihe
Mrih sulistya ingkang warni
Yen takon isi atiku mbesuke
Mersanana ali-ali…

umber video http://www.youtube.com/watch?v=aacWw5rdanA

Selasa, 16 September 2014

PARIKAN

PARIKAN

ANDHARANE
Parikan yaiku unen-unen mawa paugeran telung warna, yaiku:
1.     Kadadean rong ukara kang dhapukane nganggo purwakanthi guru swara,
2.    Saben saukara kadadean saka rong gatra
3.    Ukara kapisan mung minangka purwaka, dene isi utawa wose dumunung ing ukara kapindho.
Gunane purwaka (ukara kapisan) mung dingo narik kawigatene wong kang nedya dikandhani utawa dipituturi. Prelune, supaya ing sadurunge ukara kang isi utawa “wose” dikandhakake, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atine, satemah banjur nggatekake marang “wose” kang baku (ukara kapindho) kang satemene lagi arep diucapake. Marga nggatekake, bisa ngerti temenan marang maksude ukara kang isi “ngese” (ukara kapindho).

JINISING PARIKAN MITURUT WANDANE
Manut cacahing wandane, parikan iku kena diperang dadi 3, yaiku:
1.     Parikan kang kadadean saka (4 wanda + 4 wanda) x 2
Tuladha:
a.    Iwak bandeng, durung wayu (4 wanda + 4 wanda)
Priya nggantheng, sugih lemu (4 wanda + 4 wanda)
b.   Nangka jeruk, jambu nanas
Rada watuk, ngelu panas
c.    Wedang bubuk, tanpa gula
Aja ngamuk enggal tuwa
d.   Wajik klethik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja

2.    Parikan kang kadadean saka (4 wanda + 8 wanda) x 2
Tuladha:
a.    Kembang adas, sumebar tengahing alas
Tiwas-tiwas, nglabuhi wong ora waras.
b.   Kembang aren, sumebar tepining kalen
Aja dahwen, yen kowe kepingin kajen.
c.    Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur
Kudu jujur, yen kowe kepingin luhur
d.   Kembang menur, den sebar den awur-awur
Bareng makmur, banjur lali mring sadulur

3.    Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) x 2
Parikan sing kedadeane saka (8 wanda + 8 wanda) x 2, saweneh ana sing ngarani parikan patang pada. Iku kliru, sabab tembung “pada” iku tumrap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Dene yen tembung pada iku sing dikarepake kudu mung rong ukara, siji-sijining ukara kadadean saka 2 gatra: dadi kabeh ana 4 gatra.
Tuladha:
a.    Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga
Ingatase para siswa, wajib seneng nggubah basa.
b.   Gawe cao nangka sabrang, kurang setrup luwih banyu
Aja awatak gumampang, ingatase calon guru
c.    Sega punar luwih empal, segane panganten anyar
Dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar
d.   Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula
Piwelingku mring pra mudha, aja wedi ing rekasa
Wondene carane nulis 4 gatra iku, kena bae didadekake 4 larik. Tuladha kasebut bisa katulis mangkene:
Enting-enting gula jawa
Sabungkus isine sanga
Ingatase para siswa
Wajib seneng nggubah basa.

PARIKAN ING SAMADYANING BEBRAYAN
Wong-wong utawa bocah-bocah kang ora kapetung ing golongane wong pasinaonan (kayata: tukang becak, bocah angon, lan sapiturute) kalamangsane ngucapake  parikan sing ora nglungguhi paugeran.
Tuladha:
Ngeta
n, bali ngulon (2 wanda + 4 wanda)
Tiwas edan, ora kelakon (4 wanda + 4 wanda)
Parikan sing dingo nggerongi lelagoning gendhing, dhapukane ukarane mesthi wae ora bisa tansah nglungguhi paugeran, sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha:
1.       Lelagon Parikan (Slendro Pathet 6)
Cengkir wungu, wungune ketiban ndaru. (Dhuh ibu)
Calon guru, kudu sabar momot mengku.
2.      Suwe Ora Jamu (Pelog Pathet 6)
Suwe ora jamu, jamu godhong kencur,
Suwe ra ketemu, temu pisan maju mundur
Carane ngarang parikan, sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku ukara “ngese” utawa ukara “wose”. Sawise rampung pangarange ukara kapindho, banjur ngarang ukara kapisan. Kehing wandane padha karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.
Parikan klebu rerengganing basa, sabab basa sing mawa parikan iku agawe senenge wong sing maca utawa wong sing ngrungokake. Guneman mawa parikan bisa njalari rame nengsemake. Gendhing digerongi nganggo cakepan kang mawa parikan bisa marakake saya gayeng.

Selasa, 26 Agustus 2014

Adicara Krobongan



Adicara Krobongan
Krobongan yaiku adicara ing tatacara mantu, sawise panganten panggih. Adicara iku ringkese kaya kang kacetha ing ngisor iki.
1)      Timbangan
Lampah   : Temanten kakung lenggah ing pangkoning bapake temanten putri, dene temanten putri lenggah ing pangkon sisih kiwa. Wondene ibune temanten putri lenggah ing sangarepe. Sabanjure rama-ibu temanten putri wawan pangandikan.
Ibu                : “Bapakne, kepriye mungguh bobote anakmu sakloron, apa wis timbang?”
Bapak           : “Ibune, miturut pangrasaku kaya wis ora ana kaceke, tegese padha abote.”
 Pasemon : mujudake pepeling marang wong tuwane panganten, supaya ora kadunungan rasa emban cindhe emban siladan; ora mbedak-mbedakake antarane anake dhewe karo anak mantu, lelorone direngkuh dadi anake dhewe.
2)      Kacar-Kucur
Lampah   : temanten kakung nyuntakake isining kampil arupa dhuwit receh/krincing dicampuri beras marang pangkoning temanten putrid kang kawadhahan tilam lampus (klasa bangka).
Pasemon : mujudake gegambaran jejering kakung (temanten kakung) duwe kuwajiban aweh asil guna-kayane marang garwa (bojone). Dene sing wadon kudu bisa gemi, setiti, nastiti lan ngati-ati ngrumat lan nanjakne guna-kayane sing kakung (bojone).
3)      Dulangan
Lampah   : temanten kakung-putri padha ngasta piring isi sega kuning, banjur dulang-dinulang. Sega mau diarani sega punar.
Pasemon  : mujudake kekudangan, murih temanten kakung-putri tetepa manunggal ing lair batine, jumbuh gegayuhane.
4)      Ngunjuk Rujak Degan
Lampah   : temanten kakung-putri ngunjuk rujak degan. Kawiwitan saka temanten kakung, banjur temanten putri. Degan sing digawe rujak, milih sing lagi uwoh sapisanan.
Pasemon  : mujudake kekudangan, muga temanten enggal pinaringan momongan. (Kumiyo dkk, 2010: 42)

Sumber :

Tim MGMP Basa Jawa Kabupaten Klaten/Kumiyo dkk. 2010. Padha Wasis Basa Jawa. Klaten: UD Pustaka Mandiri.

Keroncong Baktimu Kartini



Kr. Baktimu Kartini

Dengan senyum di bibirmu
Kau tinggalkan dunia ini
Namamu yang harum
Akan tetap abadi

Reff:
Jasamu slalu terukir dalam
Jiwa semua bangsamu
Indah menghias nama
Terpancang di pusaranmu

Ooh Kartini bunga bangsa
Kqan ku teruskan baktimu
Panggilan namamu suci
Pembela ibu pertiwi