PARIKAN
ANDHARANE
Parikan
yaiku unen-unen mawa paugeran telung warna, yaiku:
1.
Kadadean rong ukara kang
dhapukane nganggo purwakanthi guru swara,
2.
Saben saukara kadadean saka
rong gatra
3.
Ukara kapisan mung minangka
purwaka, dene isi utawa wose dumunung ing ukara kapindho.
Gunane purwaka (ukara kapisan) mung dingo
narik kawigatene wong kang nedya dikandhani utawa dipituturi. Prelune, supaya
ing sadurunge ukara kang isi utawa “wose” dikandhakake, wong sing nedya
dikandhani wis ketarik atine, satemah banjur nggatekake marang “wose” kang baku
(ukara kapindho) kang satemene lagi arep diucapake. Marga nggatekake, bisa
ngerti temenan marang maksude ukara kang isi “ngese” (ukara kapindho).
JINISING PARIKAN MITURUT WANDANE
Manut cacahing wandane, parikan iku kena
diperang dadi 3, yaiku:
1.
Parikan kang kadadean saka
(4 wanda + 4 wanda) x 2
Tuladha:
a.
Iwak bandeng, durung wayu (4
wanda + 4 wanda)
Priya
nggantheng, sugih lemu (4 wanda + 4 wanda)
b.
Nangka jeruk, jambu nanas
Rada
watuk, ngelu panas
c.
Wedang bubuk, tanpa gula
Aja
ngamuk enggal tuwa
d.
Wajik klethik, gula jawa
Luwih
becik, sing prasaja
2.
Parikan kang kadadean saka
(4 wanda + 8 wanda) x 2
Tuladha:
a.
Kembang adas, sumebar
tengahing alas
Tiwas-tiwas,
nglabuhi wong ora waras.
b.
Kembang aren, sumebar
tepining kalen
Aja
dahwen, yen kowe kepingin kajen.
c.
Kembang kencur, ganda sedhep
sandhing sumur
Kudu
jujur, yen kowe kepingin luhur
d.
Kembang menur, den sebar den
awur-awur
Bareng
makmur, banjur lali mring sadulur
3.
Parikan kang kadadean saka
(8 wanda + 8 wanda) x 2
Parikan sing
kedadeane saka (8 wanda + 8 wanda) x 2, saweneh ana sing ngarani parikan patang
pada. Iku kliru, sabab tembung “pada” iku tumrap reriptan kanggone mung ana ing
tembang. Dene yen tembung pada iku sing
dikarepake kudu mung rong ukara, siji-sijining ukara kadadean saka 2 gatra:
dadi kabeh ana 4 gatra.
Tuladha:
Tuladha:
a.
Enting-enting gula jawa,
sabungkus isine sanga
Ingatase
para siswa, wajib seneng nggubah basa.
b.
Gawe cao nangka sabrang, kurang
setrup luwih banyu
Aja
awatak gumampang, ingatase calon guru
c.
Sega punar luwih empal,
segane panganten anyar
Dadi
murid aja nakal, kudu ulah ati sabar
d.
Jangan kacang jangan kara,
kaduk uyah kurang gula
Piwelingku mring pra mudha, aja wedi ing
rekasa
Wondene carane nulis 4 gatra iku, kena
bae didadekake 4 larik. Tuladha
kasebut bisa katulis mangkene:
Enting-enting gula jawa
Sabungkus isine sanga
Ingatase para siswa
Wajib seneng nggubah basa.
PARIKAN ING SAMADYANING BEBRAYAN
Wong-wong
utawa bocah-bocah kang ora kapetung ing golongane wong pasinaonan (kayata:
tukang becak, bocah angon, lan sapiturute) kalamangsane ngucapake parikan sing ora nglungguhi paugeran.
Tuladha:
Ngetan, bali ngulon (2 wanda + 4 wanda)
Tiwas edan, ora kelakon (4 wanda + 4 wanda)
Ngetan, bali ngulon (2 wanda + 4 wanda)
Tiwas edan, ora kelakon (4 wanda + 4 wanda)
Parikan
sing dingo nggerongi lelagoning gendhing, dhapukane ukarane mesthi wae ora bisa
tansah nglungguhi paugeran,
sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha:
1. Lelagon Parikan (Slendro
Pathet 6)
Cengkir
wungu, wungune ketiban ndaru. (Dhuh ibu)
Calon
guru, kudu sabar momot mengku.
2.
Suwe Ora Jamu (Pelog Pathet
6)
Suwe
ora jamu, jamu godhong kencur,
Suwe
ra ketemu, temu pisan maju mundur
Carane
ngarang parikan, sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku ukara “ngese”
utawa ukara “wose”. Sawise rampung pangarange ukara kapindho, banjur ngarang
ukara kapisan. Kehing wandane padha karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu
mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.
Parikan
klebu rerengganing basa, sabab basa sing mawa parikan iku agawe senenge wong
sing maca utawa wong sing ngrungokake. Guneman mawa parikan bisa njalari rame
nengsemake. Gendhing digerongi nganggo cakepan kang mawa parikan bisa marakake
saya gayeng.