Adicara
Krobongan
Krobongan yaiku adicara ing tatacara mantu, sawise panganten
panggih. Adicara iku ringkese kaya kang kacetha ing ngisor iki.
1)
Timbangan
Lampah : Temanten kakung lenggah ing pangkoning
bapake temanten putri, dene temanten putri lenggah ing pangkon sisih kiwa.
Wondene ibune temanten putri lenggah ing sangarepe. Sabanjure rama-ibu temanten
putri wawan pangandikan.
Ibu :
“Bapakne, kepriye mungguh bobote anakmu sakloron, apa wis timbang?”
Bapak :
“Ibune, miturut pangrasaku kaya wis ora ana kaceke, tegese padha abote.”
Pasemon : mujudake
pepeling marang wong tuwane panganten, supaya ora kadunungan rasa emban cindhe
emban siladan; ora mbedak-mbedakake antarane anake dhewe karo anak mantu,
lelorone direngkuh dadi anake dhewe.
2)
Kacar-Kucur
Lampah : temanten kakung nyuntakake
isining kampil arupa dhuwit receh/krincing dicampuri beras marang pangkoning
temanten putrid kang kawadhahan tilam lampus (klasa bangka).
Pasemon : mujudake gegambaran jejering kakung
(temanten kakung) duwe kuwajiban aweh asil guna-kayane marang garwa (bojone).
Dene sing wadon kudu bisa gemi, setiti, nastiti lan ngati-ati ngrumat lan
nanjakne guna-kayane sing kakung (bojone).
3)
Dulangan
Lampah : temanten kakung-putri padha
ngasta piring isi sega kuning, banjur dulang-dinulang. Sega mau diarani sega
punar.
Pasemon : mujudake kekudangan, murih
temanten kakung-putri tetepa manunggal ing lair batine, jumbuh gegayuhane.
4)
Ngunjuk
Rujak Degan
Lampah : temanten kakung-putri ngunjuk
rujak degan. Kawiwitan saka temanten kakung, banjur temanten putri. Degan sing
digawe rujak, milih sing lagi uwoh sapisanan.
Pasemon : mujudake kekudangan, muga
temanten enggal pinaringan momongan. (Kumiyo dkk, 2010:
42)
Sumber :
Tim
MGMP Basa Jawa Kabupaten Klaten/Kumiyo dkk. 2010. Padha Wasis Basa Jawa. Klaten: UD Pustaka Mandiri.