Kamis, 06 Juni 2013

Langgam Dongengan

DONGENGAN

Cipt. Gesang

Sinten purun kula dongengi, dongenge sedulur ndesa,
Sugih sawah lan sugih pari,
Ayem lan ati ora murka,
Ageng labuhe dhateng negari,
Rupa harta lan rupa bandha,
Jaman gerilya ing nguni, tiyang kutha ngungsi ten ndesa

Si kakang lan mbakyu sing nampi, lair batin suko lan lila
Jamin panggenan lan jamin tedhi,
Luwung senadyan cara ndesa,
Kocapa mbiyen nalika kuwi, sapa wonge ora rumangsa,
Trima kasih batine muni, suk yen aman walesmu apa,

Tutuge dongeng puniki, Indonesia wus merdika,
Dikantheni tatanan adhi, ngajeni mring para manungsa,
Welinge sing dongeng iki,
Yen kakang lan mbakyu ten kutha,
Welingku aja nganti lali,
Lan aja disia-sia.

1 komentar:

  1. sudah lama ini ditulis, tapi saya ingin ketik saja disini.

    saat saya dengarkan Waldjinah lantunkan lagu ini kembali di sistem playback saya malam ini, saya teringat dulu (tahun 2000an) pernah mencari tahu siapa saja yang pernah menyanyikan lagu ini (selain Waldjinah) karena saya ingat (seperti ingat) ada yang nyanyikan lagu ini juga... bedanya adalah, Waldjinah menyelipkan kata-kata "terimakasih, terimakasih", penyanyi yang satu lagi tidak. mungkin ada penyanyi "asli" yang sebelum Waldjinah.

    Bisa juga pemikiran saya ini keliru. (kadang rasa penasaran begitu besar...)

    BalasHapus